Monday, October 12, 2015

Karangan Bahasa Jawa "Pesisir Suwuk neng Kebumen"


Pesisir Suwuk papan dununge ing Desa Suwuk, Kecamatan Puring, Kabupaten Kebumen. Yen arep pinuju menyang lokasine, akeh jalur alternatif sing bisa dilewati. Yen saka Gombongwatara mung butuh waktu 45 menit, nanging yen saka arah Kutha Kebumen ula mbutuhake wektu sak jam, semana uga yen lewat pesisir Petanahan.Yen saka dalan Daendles bisa langsung njujug pesisir Suwuk.

Wisata ing pesisir Suwuk iki jan-jane ora beda karo wisata pesisir ing taltah Kebumen liyane. Pandangan pegunungan kapur sing elok jumujur saka lor tekan kidul, lan tumuju tapel watese langsung karo pegunungan lan pesisir Karangbolng. Yen kepingin ngenggar-enggar ati bisa nyewa tetumpakan jaran kanggo kliling pesisir Suwuk. Swasana sengsem sawuse ndeleng pesisir, bisa uga dibacutake kanthi ngresepi pangangan khas ing sadawaning pesisir Suwuk kayata pecel, lonthong, es kelapa ijo, peyek ubur-ubur.
Para plancong bisa sinambi mancing ing pingiran watu-watu kang wis jinejer minangka kango mecah ombak. Yen durung tutug dibacutke nonton werna-wernaning kewan kang ana ing kebun binatang mini pesisir Suwuk, kayata sawernane manuk, reptil lan kewan mamalia liyane. Ayo pada diajak pelesir menyang pesisir Suwuk kang asri lan adipeni.

0 komentar:

Post a Comment