Monday, July 30, 2018

Contoh Pidhato Bahasa Jawa tentang "Kelulusan Sekolah"


Assalaamu’alaikum waroh matullohi wa barokaatuh
Ibu aminah, wali kelas IX G ingkang kinumatan. Para kadang siswa kelas IX G  ingkang kula tresnani.
Alhamdulihah, puji sokur dhumateng Ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Welas satemah ing titi wanci dinten punika panjenengan dalah kula saged makempal wonten ing griya kula kanthi bagas kuwarasan, nir ing sambekala. Sholawat saha salam katur konjuk Rosulullah Muhammad SAW, paa kulawarga, sahabat tuwin sedaya tiyang ingkang tansah istiqomah dhumateng sunah-sunahipun.
Selajenipun kula ngaturakennsungeng rawuh saha agunging panuwun ingkang tanpa upami, awit saking rawuh panjenengan sami. Bab punika satuhu majudake pakurmatan tanpa tumrap kula sakeluarga.

Ibu aminah ingkang minulya saha para kanca ingkang kula tresnani, dinten punika kula ngaturi rawuh panjenengan sedaya saperlu kula ajak ngaturaken puji syukur nikmat ingkang sampun kaparingaken  dening Gusti Ingkang Murbeng Dumadi Ingkang Gusti Ingkang Hanitahaken manungsa ing donya punika. Kajawi saking punika, anca kula sakaluwarga ingkang ngagungaken raos puji syukur, amargi kula sampun pikantuk kanugrahan sakinng Gusti Alloh inggih punika saged lulus ujuan kanthi biji ingkang maremaken. Malah boten namung punika, kula malah pitantuk pangaji-aji “Lulusan Terbaik”
Kewaji punika, rawuh panjenengan sedaya iinng griya badhe kula suwuni donga pangestu amrih kula saged nglajengake sekolah ingkang langkung inggil, inggih sekolah ingkang pinujuk, utawi favorit.
Aicara punika dipungelar kanthi prasaja, climen, pramila hambok bilih wonten kiranging atur panampi kula sakulawarga tumrap rawuh panjenengan sedaya wiwit aruh kirang wanuh, rengkuh ingkang kirang gupuh, atur suguh hambok bilih kirang lawuh saha ngaturi papan palenggahan ingkang boten satimbang saliyan kalenggahaning para tamu, keprengna kathi mawatur-wantu kula nyuwun agungin samodra pangaksama.
Ing wasana kula ngaturaken sy=ugeng lenggah, sugeng angrahapi pasugatan ingkang sumadya ngantos paripurnaning adicara punika.
Cekap semanten atur kula. Wader kalen sesonderan, apuranta yen wonten lepat kulo.
Wassalaamu’alaikum waroh matullohi wa barokaatuh.

0 komentar:

Post a Comment